← Back to list

PAMERAN VISUAL BRANDING PROGRAM STUDI DESAIN KOMUNIKASI VISUAL ISI JOGJA 2024

Liputan Pameran dalam Bahasa Jawa telah terbit di Majalah Djaka Lodang

Desma Rahma Fitria · 2026-03-29 19:41 · 0 claps · 2.4 min read
#branding #pasar #majalah
Open on Medium ↗
Wiki topics: BRD · Branding & Identity

PAMERAN VISUAL BRANDING PROGRAM STUDI DESAIN KOMUNIKASI VISUAL ISI JOGJA 2024

Liputan Pameran dalam Bahasa Jawa telah terbit di Majalah Djaka Lodang

Ing tanggal 26–28 april 2024, Program Studi Desain Komunikasi Visual saka kampus Institut Seni Indonesia Yogyakarta ngadani pameran kang ngangkat tema saka Pasar Tradisional ing sajroning D.I.Yogyakarta. Pameran iki dijenengi “MASAR : Main ke Pasar” utawa dolanan ing pasar. Pameran iki dipecungulake kanggo nyengkuyung pasar tradhisional terus maju lan jorjoran ing jaman kang wis maju. Supaya ora padha ditinggalake dening masarakat. Pameran “Masar” iki duweni gayuhan bocah-bocah enom kanggo melu ngramekake pasar tradhisional maneh. Mula uga pameran iki dadi duweni metha kahanan kang semuwa lan mawarna-warna lan tumrap gambaran kahanan wektu iki. Pameran iki diadani ing Pendhapa Ajiyasa Jogja JNM BLOC Jl. Prof. DR. Ki Amri Yahya №1, Pakuncen, Wirobrajan, Kota Yogyakarta, Daerah Istimewa Yogyakarta.

Peserta pameran saka mahasiswa angkatan taun 2022 kang klebu ing semester papat ing taun studine. Pameran iki diadani kanggo bocah-bocah kang padha sinau kepiye carane ngrancang Visual Branding. Visual Branding iku proses kanggo nggarap gambaran dasar saka ciri mirunggan kanggo bedakake antarane merek tumrap kang padha migunakake. Ing Pameran Visual Branding “Masar” iki ngangkat gagaran “Scavenger Hunt”. “Scavenger Hunt” iki maksude game kang organizere nyepakake dhaptar kang isine barang mirunggan, terus peserta kang melu bakal ngupaya kanggo nglumpukake utawa ngrampungake kabeh barang kang klebu ing dhaptar, lan biasane tanpa proses tumuku. Gagaran iki dipilih amarga nyawan padhatan bocah enom saiki kang seneng dolan-dolan nggolek barang kang lagi kondhang utawa langka.

Ana pasar cacah sanga kang diangkat dadi objek pameran yaiku, Pasar Pundong (Bantul), Pasar Jejeran (Bantul), Pasar Mangiran (Bantul), Pasar Ngalang (Gunung Kidul), Pasar Munggi (Gunung Kidul), Pasar Kebonagung (Sleman), Pasar Tempel (Sleman), Pasar Kokap (Kulon Progo). Pasar digarap dening bocah sanga nganti sepuluh kelompok. Dheweke padha gawe produk visual branding kang rupane corporate identity, mind mapping, dhenah, media sosial, print media, infografis, dolanan, booth lan video profil. Rupa produk visual branding mau banjur pada dilombakake kelompok kanggo digoleki sapa sing dadi juwarane.

Ora mung pameran, acara “Masar” uga ngadani sesi diskusi kang sesirah “Milih Peran ing industri Visual Branding“ kang dipangandikake dening Panca Septiana lan Arga Radikun. Panca Septiana iku desainer grafis kang aktif ing babagan gawe corporate identity, dene Arga Radikun iku ilustrator kang aktif gawe gambar kanggo film, poster, lan sapanunggalane. Ananging acara diskusi mau pada crita kepiye pamawase antarane ilustrator lan desainer grafis kanggo ngrancang lan makarya ing industri iki. Para peserta kang pada melu akeh ingkang padha grengseng anggone nanggapi topik diskusi ing sore iku. Dheweke padha penasaran kepriye carane kanggo nemtokake peran apa kang bisa kanggo menawane besuke makarya sawise rampung kuliah.

Alhamdulillah acarane lancar, lan akeh pengunjung bocah-bocah enom kang pada nanggapi becik pameran kang ngangkat tema pasar iki” pratelane Novita Rizki Ramandani, Ketua Acara Pameran Masar nalika diwawancarai. Dheweke carita dene saka pameran Masar iki uwong-uwong dadi luwih kenal karo pasar-pasar kang diangkat kaya khase, sejarah lan kahanan kaya ngapa pasar tradhisional ing saiki. Wiwitane ana sawetara pengunjung kang ngira menawa bocah-bocah iki kang ngedhegake pasare, nanging bocah mau pada njlentrehake menawa dheweke lagi pada nyoba nepungake lan nawakake pasar tradhisional marang bocah-bocah enom. Supaya pasar tradhisional bisa tetep madeg lan disenengi karo kabeh masarakat enom lan tuwa. [Desma Rahma Fitria]


메타데이터
post_id
7a2edecaafdc
slug
pameran-visual-branding-program-studi-desain-komunikasi-visual-isi-jogja-2024-7a2edecaafdc
url
https://medium.com/@desmarahmafitria/pameran-visual-branding-program-studi-desain-komunikasi-visual-isi-jogja-2024-7a2edecaafdc
canonical_url
https://medium.com/@desmarahmafitria/pameran-visual-branding-program-studi-desain-komunikasi-visual-isi-jogja-2024-7a2edecaafdc
author_url
https://medium.com/@desmarahmafitria
status
ok
fetched_at
2026-06-09 15:37:30