← Back to list

‘memayu hayuning bawana’

babagan omah, rantau, lan siji prinsip jawa sing njaga aku supaya ora kelangan rasa.

Wildan Bagus Maulana (2) · 2026-05-29 16:51 · 1 claps · 3.2 min read
#javanese #culture #merantau #jawa #javanese-philosophy
Open on Medium ↗
Wiki topics: PHI · Philosophy CUL · Culture & Media

‘memayu hayuning bawana’

babagan omah, rantau, lan siji prinsip jawa sing njaga aku supaya ora kelangan rasa.

Foto dening Agung Raharja ing Unsplash

Foto dening Agung Raharja ing Unsplash

Aku lair lan gedhe ing semarang. kutha sing kanggo akeh wong mungkin mung dadi titik ing peta. panggonan sing dilewati sepur, dikenal amarga lawang sewu, lumpia, hawa pesisir, lan dalan-dalan sing nyimpen akeh cerita. nanging kanggo aku, semarang luwih saka kuwi. semarang kuwi omah.

ing kono aku sinau mlaku. sinau ngerti isin. sinau nampa gagal. sinau ngerti yen urip ora mesthi mlaku kaya sing dikarepake. ing kono aku dibesarkan karo nilai-nilai sederhana sing ora tansah diterangake nganggo ceramah dawa, nanging ditanam pelan-pelan lewat cara wong tuwa ngomong, cara tetangga saling nyapa, cara wong jawa ngajari urip nganggo tembung sing alus nanging jero.

salah siji tembung sing nganti saiki isih tak gawa yaiku “memayu hayuning bawana”.

biyen, ukara iki mung tak krungu kaya pitutur jawa biasa. apik dirungokke, nanging durung tak pahami tenan. aku mung ngerti yen maknane kira-kira nggawe donya dadi luwih apik, luwih ayem, luwih becik.

nanging saiki, nalika aku wis merantau menyang jakarta, aku mulai ngerti yen ukara iki ora mung cocok kanggo ditulis utawa dieling-eling. ukara iki kudu digawa.

amarga merantau kuwi ora mung mindhah badan saka siji kutha menyang kutha liyane. merantau kuwi ninggalake rasa nyaman. ninggalake dalan sing wis apal. ninggalake omah sing ngerti carane nampa awakmu nalika kesel. ninggalake kutha sing dadi saksi versi paling awal saka uripmu.

lan jakarta,,, kutha iki beda.

jakarta mlaku luwih cepet. wong-wonge kaya tansah dikejar wektu. esuk durung rampung, pikiran wis mikir wengi. dalan rame. stasiun kebak. kantor-kantor dhuwur. ambisi katon neng endi-endi. kadhang aku rumangsa cilik ing tengah kutha sing gedhe banget iki.

ana dina-dina nalika aku kelingan semarang. kelingan omah. kelingan rasa tenang. kelingan suasana sing ora kabeh kudu cepet. kelingan carane urip biyen krasa luwih sederhana, sanajan ora mesthi luwih gampang.

nanging ing tengah ramene jakarta, aku kerep ngelingake awakku dhewe:

Aja nganti adoh saka omah nggawe aku adoh saka nilai sing mbentuk aku.

aku bisa pindhah kutha. aku bisa mlebu lingkungan anyar. aku bisa ketemu wong-wong hebat, kerja ing panggonan gedhe, lan ngejar urip sing luwih amba. nanging aku ora pengin kelangan siji perkara yaiku caraku dadi manungsa.

lan kanggo aku, memayu hayuning bawana dadi pangeling paling sederhana. yen urip ora mung soal aku kudu dadi apa. nanging uga soal, apa sing dadi luwih becik amarga aku ana.

ing jakarta, aku sinau yen ambisi bisa nggawe wong lali pelan-pelan. lali carane ngomong sing alus. lali carane ngurmati wong sing ora duwe kuasa. lali carane matur nuwun. lali yen saben langkah munggah ora perlu ngidak wong liya. Aku ora pengin kaya ngono.

Aku pengin maju, nanging ora pengin ilang rasa. aku pengin berhasil, nanging ora pengin dadi wong sing atine atos. aku pengin tekan papan sing luwih dhuwur, nanging ora pengin lali lemah sing biyen nggawe aku bisa ngadeg, amarga sukses sing ora nggawa kamanungsan mung bakal nggawe wong katon dhuwur, nanging sejatine sepi.

memayu hayuning bawana ngajari aku supaya ora mung takon, “aku entuk apa saka urip iki?” nanging uga, “aku isa menehi apa kanggo urip iki?” ora kudu gedhe.

kadhang cukup dadi wong sing ora nambah lara. cukup dadi wong sing kerja kanthi jujur, ‘allahumma inni as-aluka rizqon thoyyiban’. cukup dadi wong sing ora gampang ngremehake. cukup dadi wong sing nek ngomong ora mung pengin menang, nanging uga mikir apa tembunge bisa nglarani wong liya.

kadhang cukup ninggalake papan sethithik luwih becik tinimbang nalika kita teka.

Amarga kadang, cara paling sederhana kanggo ndandani donya yaiku ora dadi sebab rusake donya.

aku ora ngerti bakal tekan endi uripku mengko.

aku ora ngerti jakarta bakal nggawa aku menyang kesempatan apa maneh.

aku ora ngerti suwene aku kudu mlaku, suwene aku kudu nahan kangen, suwene aku kudu mbangun urip adoh saka kutha sing nggawe aku dadi aku.

nanging aku ngerti siji perkara.

salah siji prinsip sing tak gawa nganti aku bisa tekan titik iki yaiku memayu hayuning bawana.

prinsip sing ngelingake aku supaya ora mung pinter, nanging uga migunani.

ora mung menang, nanging uga nduwe welas asih. ora mung dikenal, nanging uga ninggalake kebaikan. ora mung lunga adoh saka semarang, nanging tetep nggawa semarang ing cara aku ndelok urip.

mungkin iki sing paling tak syukuri saka asal-usulku.

aku ora mung digedhekake kanggo dadi wong sing uripe maju. aku uga diajari supaya uripku, sanajan sethithik, bisa nggawe sekitar dadi luwih ayem. lan saiki, ing tengah jakarta sing rame, prinsip itu tetap tak gawa. pelan-pelan. meneng-meneng. kaya cahya cilik sing tak simpen neng njero ati.

memayu hayuning bawana kanggo aku dudu mung pitutur jawa. iki kompas sing tak gawa saka omah, supaya ing endi wae aku mlaku, aku ora lali kanggo apa aku … dadi ‘manungsa’.

~ @wildannbm


메타데이터
post_id
b2ce57e74983
slug
memayu-hayuning-bawana-b2ce57e74983
url
https://medium.com/@wildannbm2/memayu-hayuning-bawana-b2ce57e74983
canonical_url
https://medium.com/@wildannbm2/memayu-hayuning-bawana-b2ce57e74983
author_url
https://medium.com/@wildannbm2
status
ok
fetched_at
2026-06-17 18:46:00